Manawa pekarangan iku miring ngalor, angsare manawa sugih bisa turun -tumurun anak putune , apa sing dadi karepe ana hasile, pekarangan sing mengkene iki diarani indraprasta .
Manawa pekarangan iki miring kulon , angsare kerep padudon lan uga kerep keretek lelera. Kanggo tulako bab iki tandurna gedheng kluthuk peyaiku karangan sisi wetan . Pekarangan kang mengkene iki diarini sri sadana.

Manawa pekarangan iki miring mengetan , angsare pekarangan kang kaya mangkene iki apik yaiku akeh rezekine , kalis ing lelara, tentrem, ayem, tur wilujang . luwih becik maneh tandurana cocor bebek pengangon pekarangan sisih kulon beno luwih adhem. pekarangan kang mangkane iki diarani Manikmulya
Manawa duwe pekarangan kang kiwa tengene dikepung dening gunung iku becik , angsare sugih bandha lan doanya. pekarangan kang mengkene iki diarani kawula katungbingbala
Manawe duwe pekarangan kiwa tengene dikepung dening banyu , angsare ora becik yaiku karep padudon. Pekarangan kang mengkene iki diarani sigarpenjalin . Dene tetulake mendhema banyu ana ing satengahe pekarangan kuno
Tidak ada komentar:
Posting Komentar